Menyang kontèn

Intip

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
Intip
Intip sega
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokoksekul (beras)
Buku masakan: Intip  Médhia: Intip

Intip iku panganan kang digawé saka sega. Asal muasalé, dhèk jaman biyèn ibu-ibu yèn masak utawa ngliwet sega nganggo kwali utawa kendhil.[1] Yèn segané wis setengah mateng banjur dipindahaké menyang dandang, banjur dikukus. Lumrahé ing dhasar kwali mau ana sega kang isih nèmpèl kang wujudé kapara rada gosong. Sega kang nèmpèl iku kang diarani intip. Intip kang kari ana ing dhasar kwali dikerok lan banjur dipépé nganti garing. Yèn wis garing banjur digorèng, iki kang jenengé intip gorèng.

Intip uga énak yèn sawisé dijupuk saka kwali banjur disiram duduh jangan utawa dipangan nganggo parutan klapa lan dipangan minangka nyamikan.

Jaman saiki intip wis akèh didol ing toko-toko kang nyadiakaké olèh-olèh panganan kas. Intip kang misuwur antarané saka Sala.

Nurungji

Nurungji (누룽지) yaiku intip kang nyisa sawisé masak sega ing dhasar panci sega(gamasot).[2] Intip sega dumadi jajanan kas wong Korea.[2] Nalika masake suwé, sega kang ana ing dhasar panci bakal gosong lan rupané dadi kuning.[2] Inilah yang dinamakan dengan nurungji.[3] Nurungji dikenal kanthi rasa lan ambune kang unik, yaiku garing lan gosong sithik.[2] Biyèn, nalika rakyat kekurangan bahan pangan, para wong wadon mangan nurungji, déné wong lanang ora mangan nurungji.[2] Saiki panganan iki wis dirembakake kanthi wujud permen, roti lan ombenan.[2]

Hidangan nasi ceri dengan tahdig.

Tahdig (Pèrsi: ته دیگ‎‎, tah "ngisor" + dīg "kwali/dandang") yaiku hidangan istimewa kanggo masakan Iran kang bahané saka intip dijupuk saka dhasaré kwali kang sinebut (chelow).[4] Ing tradhisi Iran, panganan iki disajèkaké kanggo tetamu. Bahan-bahan sing lumrah ditambah ing tahdig yaiku yogurt, kunir, roti, kenthang, lan tomat.

Bédané tahdig karo intip liyané yaiku ndèlèhaké irisan jejanganan nipis ing ngisoré panci, dadi jejangan kuwi dadi garing lan renyah, dudu segané thok. Iran uga migunakaké cara iki kanggo masakan kaya spaghetti, bagèan ngisoré kudu isa atos renyah.[5]

Masak sega Iraq padha karo cara masaké chelow saka Parsi,[6] prosèsé nganggo tahapan, tujuané yaiku kanggo ngasilaké upa sega sing lembut lan empuk.[6] Salah sawijining masakan Iraq sing populèr yaiku hikakeh, intip ngisor sing garing.[6] Masakan iki béda karo tahdig Parsi, kang kandel; nanging hikakeh uga isèn sega sing lembut.[6] Sadurungé disajèkaké, hikakeh dipecahaké dadi pérangan-pérangan supaya saben uwong diwènèhi barengan karo sega.[6]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Suara Merdeka Cetak: Kreativitas Perempuan Bertahan Hidup[pranala mati permanèn] (diaksès 23 Juni 2011)
  2. a b c d e f An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 92. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  3. Icheon Ssalbab[pranala mati permanèn], foodinkorea. Diundhuh tanggal 8 Juni 2010.
  4. Louie, Elaine (9 Januari 2008). "From an Iranian Cook, the Taste of Memory". The New York Times. Dibukak ing 2008-12-28.
  5. "Turmeric and Saffron: Upside-Down Persian Macaroni". Persian Cuisine.
  6. a b c d e Marks, Gil (2010). Encyclopedia of Jewish Food. John Wiley & Sons. kc. 585. ISBN 978-0-470-39130-3.