Mrica
Tuwuhan Mrica | |
---|---|
Tuwuhan Mrica | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Piperales |
Famili: | Piperaceae |
Génus: | Piper |
Spésies: | P. nigrum |
Jeneng binomial | |
Piper nigrum L. |
Mrica iku tuwuhan obat kang bisa uga dadi bumbu masakan, mrica iki duwé khasiat ngangetaké awak lan nyegah lelara kanker, tuwuhan iki kalebu bumbon crakèn kang akèh thukul ing laladan Indonésia[1].
Khasiat Mrica
[besut | besut sumber]Akèh khasiat saka Mrica, kaya ta:
- Nyegah kanker payudara amarga mrica duwé senyawa pipérin kang bisa nyegah tukule lelara tumor lan kanker kang ana ing payudara [2].Khasiat kanggo kanker luwih apik manawa di racik karo kunir.
- Mrica bisa kanggo ''scrub'' kulit atawa lulur amarga tuwuhan iki bisa didadékaké ''scrub'' kanggo ngalusaké kulit, rasané kang anget bisa ngerangsang sirkulasi getih, dadi mrica iki bisa anggawe kulit luwih bernutrisi amarga ilèn oksigén lancar. Tékstur mrica kang kasar bisa kanggo ngangkat sél-sél kulit mati [2].
- Obat watuk, merica kang duwé senyawa kimia alami, bisa mengiritasi selaput lendir lan nggawé selaput lendir bisa luwih aktif ngetokaké lendir kanggo ngresiki irung lan bisa nyaring lelebu kang kagawa angin[2].
- Mrica kang duwé zat capsaicin, atawa dihydrocapsiate (DCT) bisa mbakar kalori lan lemak [3]
- Nyegeraké awak[4].
- Ngangetké awak kang lagi katisen[4]
- Ngerangsang semangat[4]
- Obat weteng kembung[4]
- Ngerangsang metuné Kringet[4]
- Obat ambekan kang sesek atawa asma[4]
- Dadi karminatif, diaforetik lan analgesik[4]
- ugi bisa kanggo anggawe awak luwih singset, amarga mrica bisa bakar lemak[5]
Morfologi tuwuhan mrica
[besut | besut sumber]Tuwuhan iki kalebu tuwuhan ngrambat kang oyoté nèmpèl ana ing tuwuhan liya atawa barang liya, dawané antara 5–15 m. godhong seling-selingan atawa nyebar. Godhong iku mau dhapuré bunder pucuké lancip kira-kira duwé diameter 5–15 cm lan dawané 8–20 cm, ing pinggir woh ana klanjer-klanjer kang ora katon,Bulir padha misah-misah,gantungan ana pucuk atawa adepan karo godhong,duwé godhong pelindung kang dawané watara 4–5 mm. Uwohe kaya ta buni, bunder-bunder [4].
Jeneng Laladan
[besut | besut sumber]Mrica duwé jeneng liyan, kaya ta[4]:
- Lada (Acèh)
- Laudeu pedih (Gayo)
- Lada (Batak)
- Lada (Nias)
- Raro (Mentawai)
- Lada kecik (Bengkulu)
- Lade ketek (Minangkabau)
- Lada (Lampung)
- Lada, pedes (Sunda)
- Merica (Jawa)
- Maicam, mica (Bali)
- Saha (Bima)
- Saang (Flores)
- Sahang laut (Dayak)
- Sahang (Sampit)
- Kaluya (Jawa)
- Marisa (Jawa)
- Malita Lodawa (Gorontalo)
- Marisano (Sepa)
- Rica (Jawa)
- Rica polulu (Ternate)
- Mica (Jawa)
- Rica tamelo (Tidore)
(Anonim, 1980)
Kandhutan kimia
[besut | besut sumber]Mrica duwé kandhutan lenga atsiri, pipen, koriofilen, limonen, filendren, alkaloid piperin, kavisin, piperitin, piperidin, zat pait lan lenga lemak (Soedibyo, 1998). Piperin kang kalebu bahan aktif atawa alkaloid kang duwé rasa pedes lan mambu kang anget. Kandungan bahan kimia piperin kang ana ning mrica watara 5-9%. Piperin iki uga bisa dienggo pangobatan tradhisional lan kanggo insektisida[4].
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Piper nigrum. |
- Manfaat nutrisi yang terkadung dalam lada hitam
- Sejarah budidaya lada di Asia Archived 2006-10-18 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ tanaman obat Archived 2011-04-14 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 12 April 2011
- ↑ a b c Penelitian University of Michigan, Amérika Serikat Archived 2011-04-09 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 10 April 2011
- ↑ KOMPAS[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 10 April 2011
- ↑ a b c d e f g h i j Uji Sitotoksik Ekstrak Etanol 70% Buah Mrica Hitam (Piper nigrum L.) Archived 2012-01-28 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 10 April 2011
- ↑ mediabidan.com Archived 2011-04-13 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 12 April 2011
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |