Hak cipta
Hak cipta iku nyawisaké pangagem hak kanggo mbatesi panikelan ora sah saka èksprèsi asli (upamané literatur, filem, musik, gegambaran, piranti alus (software), topeng, lan liya-liyané.
Hak cipta iku béda akèh karo wujud liya saka properti intelektual, upamané patèn kang mènèhi hak monopoli kanggo invensi. Hak cipta iku dudu hak monopoli nanging kanggo nyegah wong liya kanggo tumindak kang nerak hak mau.
Ing Indonésia, prakara hak cipta ginaris ing Undhang-Undhang Hak Cipta, ya iku Undhang-Undhang Nomor 28 Tahun 2014.
Sajarah Hak Cipta
[besut | besut sumber]Konsèp hak cipta ing Indonésia iku tumurun saka konsèp copyright ing basa Inggris. Kawitané, copyright kacipta selaras karo tinemu mesin cithakan. Sadurungé mesin [[Guttenberg iku, prosès kanggo nyalin sawijining karya tulisan mbutuhaké tenaga lan béya kang mèh padha gedhéné karo ragad gawé asliné. Mula saka iku, para penerbit kang njaluk supaya ana paugeran kang mayungi karya cithakan bisa dikopi, ketimbang para pengarangé.
kawitané, hak monopoli mau diwènèhaké langsung marang penerbit kanggo ngedol barang cithakané. Hak kanggo pengarang (penganggit) lagi ana sawisé kabiwarakaké angger-angger copyright ing taun 1710 kanthi Statute of Anne ing Inggris. Angger-angger mau uga ngayomi para konsumèn bisa mardika sawisé prosès dol-tinuku. Paugeran iki uga ngatur hak `´ksklusif kang nyekel copyright, ya iku salawasé 28 taun. Sawisé masa mau, karya iku dadi duwéke umum.
Konvensi Berne ing taun 1886 kang pisanan ngatur prakara copyright ing antarané nagara-nagara kang duwé daulat. Ing konvènsi iki, copyright kawènèhaké otomatis kanggo karya kréatif lan panganggit ora kudu ndaftaraké. Salebaré sawijining karya kacithak utawa kasimpen ing sawijining medhia, si panganggit otomatis olèh hak èksklusif copyright karyané iku lan uga kanggo karya derivatif nganti si pengarang kanthi blak-blakan mratélakaké sewaliké utawa nganti copyright mau kadalu warsa.
Sajarah hak cipta ing Indonésia
[besut | besut sumber]Taun 1958, Mahamantri Djuanda mratélakaké Indonésia metu saka Konvensi Berne supaya para intelektual Indonésia bisa olèh paédah saka karyané, cipta lan karsa bangsa manca, tanpa kudu mbayar royalti.
Taun 1994, Pamarèntah Indonésia ngratifikasi Organisasi Perdagangan Dunia (World Trade Organization – WTO), kang sinertanan Prajanjèn Trade Related Aspects of Intellectual Propertyrights - TRIPs (Prakara-prakara kang magepokan karo wisaya HKI). Prakara iki kalakokaké amarga Hak kekayaan intelektual wus dadi piranti ing jagad dol-tinuku ing antarané nagara-nagara maju. Ing Indonésia, paugeran prakara hak kekayaan intelektual iki kawujudaké liwat Undhang-Undhang Nomer 7 Taun 1994.
Jangka wektu pangayoman hak cipta
[besut | besut sumber]Ing Indonésia, jangka wektu pangayoman hak cipta iku katata kaya mangkéné:
- Hak cipta ciptan:
- buku, pamflèt, lan kabih karya tulisan liyané;
- drama utawa drama musikal, jogèd, koréografi;
- sakabèhé wujud seni rupa, kaya ta seni nggambar, seni patung, dan seni tatah;
- seni bathik;
- lagu utawa musik kanthi utawa tanpa tèks;
- arsitèktur;
- ular-ular, kuliah pidhato, pranatacara, lan ciptan sabangsané;
- piranti paraga;
- péta;
- tarjamahan, tapsir, saduran, lan bunga rampai;
lumaku salawasé urip pangripta lan terus lumaku nganti 50 (sèket) tauh sawisé pangriptané tilar donya. Yèn kang duwé wong 2 (loro) utawa luwih, hak cipta lumaku salawasé urip pangriptané paling pungkasan tilar donya lan katerusaké 50 (sèket) taun sabubaré.
- Hak cipta ciptan:
- program komputer, sinématografi, fotografi, database, karya saka alih wujud kang lumaku salawasé 50 (sèket) taun sawisé kabiwarakaké;
- Tata wujud karya tulis kang kababar
lumaku salawasé 50 (sèket) taun sawisé kababar pisanan;
Upama hak cipta mau duwèké utawa dicekel sawijining badan hukum, hak cipta lumaku lawasé 50 (sèket) taun sawisé kabiwarakaké.
- Hak cipta kang diduwèni/dicekel Nagara dhedhasar:
- Folklor lan saka kabudayan rakyat kang dadi darbèké bareng-bareng, lumaku tanpa wates wektu;
- Ciptan kang ora konangan sapa kang duwé lumaku 50 (sèket) taun kawit pisanan kababar.
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Ditjen HKI - Departemen Hukum dan Hak Asasi Manusia RI Archived 2006-09-27 at the Wayback Machine.
Artikel hukum utawa kriminalitas iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |