Kabupatèn Demak
Demak كَبُڤَتَينْ دٚمَكْ ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦢꦼꦩꦏ꧀ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Demak BERAMAL (Bersih, Elok, Rapi, Anggun, Maju, Aman, dan Lestari) | ||
Pernahé Demak ing Jawa Tengah | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Tengah | |
Dina Dadi | 28 Maret 1503 | |
Kutha krajan | Demak | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Drs. H.M. Natsir, S.H., M.Si. | |
Laladan | ||
• Gunggung | 897,43 km2 (34,650 sq mi) | |
Cacah warga (Sensus 2010) | ||
• Gunggung | 1,055,579 | |
• Pepadhet | 0/km2 (00/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Arab, Cina lan liya-liya | |
• Basa | Jawa lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 291 | |
Situs wèb | www (ing basa Indonésia) |
Kabupatèn Demak (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦢꦼꦩꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ دٚمَكْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Demak iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 897.43 km2 utawa hèktar.
ing sisih lor karo: | Kabupatèn Jepara lan Sagara Jawa |
ing sisih kidul karo: | Kabupatèn Grobogan lan Kutha Semarang |
ing sisih kulon karo: | Kutha Semarang |
ing sisih wétan karo: | Kabupatèn Kudus lan Kabupatèn Grobogan |
Sajarah
[besut | besut sumber]Kurang luwih 6 (enem) abad kapungkur, miturut papan géografisé, kawasan sing ajeneng Demak nyatané ora dumunung ing pedalaman sing leté luwih kurang 30 km saka pasisir Sagara Jawa kaya sing ana wektu saiki. Kawasan mau ing wektu semana dumunung ing cedhak Kali Tuntang sing sumberé asal saka Rawa Pening. Géografi kasajarahan ngenani kawasan Demak bisa uga diwaca ing buku Dames, sing judhuél “The Soil of East Central Java” (1955). Sajeroning buku mau dijelasaké yèn Demak biyèn dumunung ing pinggir sagara, utawa luwih persis ana ing gisiking Selat Silugangga sing misahaké Pulo Muria karo Jawa Tengah. Ngenani ékologi Demak, DR.H.J. De Graaf uga nulis yèn dunungé Demak cukup nguntungaké tumrap kagiyatan dedagangan lan tetanèn. Bab iki amarga selat sing ana ing ngarepé cukup amba saéngga prau saka Semarang sing arep tumuju Rembang bisa lelayaran kanthi bébas liwat Demak. Nanging sawisé abad XVII Selat Muria wis ora bisa dilayari manèh amarga tansaya cethèk.
Tanggal 28 Maret 1503 dikukuhaké minangka dina dadi Kabupatèn Demak. Bab iki tegesé prastawa penobatan Radèn Patah dadi Sultan Bintara ing tanggal 12 Rabiulawal utawa 12 Mulud Taun 1425 Saka (dikonversi dadi 28 Maret 1503).
Géografi
[besut | besut sumber]Kabupatèn Demak dumunung antarané 6043’ 26” – 70 09’ 43” LS, lan 1100 48’ 47” BT, kanthi tapel wates wewengkon: • Sisih lor: Kabupatèn Jepara lan Sagara Jawa • Sisih wétan: Kabupatèn Kudus lan Kabupatèn Grobongan • Sisih kidul: Kabupatèn Grobogan lan Kutha Semarang • Sisih kulon: Kutha Semarang
Jembar Wewengkon Kabupatèn Demak yaiku 88.743 ha, déné jembar sagara 252,34 ha. Jembar kemiringan lahan: wujud dhataran: 0 – 2%, jembaré: 88.765 ha, gelombang (2 – 15%) 834 ha, curam (15 – 40%) jembaré: 408 ha, sarta curam banget (>40%) jembaré:136 ha.
Dideleng saka lumahing sagara (elevasi), wewengkon Demak dumunung wiwit saka 0 m nganti 100 m saka lumahing sagara. Déné dideleng saka tekstur lemahé, wewengkon Kabupatèn Demak dumadi saka tekstur lemah alus (liat) jembaré 49.066 ha lan tekstur lemah sedheng (lempung) jembaré 40.677 ha.
Sacara administrasi, jembar wewengkon Kabupatèn Demak yaiku 89.743 ha, dumadi saka 14 kacamatan, 243 désa lan 6 kalurahan. Minangka laladan agraris sing akèh-akèhé sing ndunungi urip saka tetanèn, sapérangan gedhé wewengkon Kabupatèn Demak dumadi saka lahan sawah sing jembaré nganti 48.947 ha, lan saluwihé yaiku wujud lahan garing. Miturut panggunaané sapérangan gedhé lahan sawah sing dipigunakaké aripa lahan pengairan tèknis 40,40%, tadhah udan (33,22%) lan setengah tèknis 12,85%. Déné lahan garing 35,395 dipigunakaké kanggo tegal kebun, 29,56% kanggo yasan lan pekarangan, sarta 18,90 kanggo tambak.
Papréntahan
[besut | besut sumber]Kabupatèn Demak ketata saking 14 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Demak yaiku:
- Mranggèn
- Karangawèn
- Guntur
- Sayung
- Karangtengah
- Wanasalam
- Dhèmpèt
- Gajah
- Karanganyar
- Mijèn
- Demak
- Bonang
- Wedhung
- Kebonagung
Plesiran
[besut | besut sumber]- Wisata Bahari Morosari, ing Bedono
- Masjid Agung Demak, ing Bintoro
- Makam Sunan Kalijaga, ing Kadilangu
- Makam Radèn Patah, ing Bintoro
Panganan lan Ombenan
[besut | besut sumber]Makanan dan Minuman kas Demak, yaiku:
- Nasi Ndoreng = Terbuat dari Nasi, Kuluban, Pelas (Botok).
- Wedang Pekak = Terbuat dari Jahe, gula jawa, gula pasir, jeruk purut, serai, kayu legi, pekak.
- Sengkulan = Terbuat dari Tepung Ketan, santan kanil, gula pasir, garam, pewarna makanan.
- Belimbing Demak (Averrhoa Carambola Kultivar Demak)
- Jambu Demak (Jambu Citra Delima)
- Botok Telur Asin
Potensi
[besut | besut sumber]- Sentra Blimbing Demak, ing Betokan
- Sentra Jambu Demak, ing Tempuran
- Kasenian Batik Demak, ing Karangmlati
- Industri Krupuk, ing Ngaluran
- Industri Témpé, ing Bandungreja
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Web Resmi Archived 2007-01-13 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |