Kaca iki wis divalidasi
- B. Salinana nganggo basa krama !
- Para Bapak Menteri rena panggalihe mriksani kagunan reyog lan kerep mundhut katrangan-katrangan kang perlu.
- Bapak Bupati kang padha rawuh ing Madiun uga nyaosi katrangan-katrangan bab kagunan reyog marang panjenengane Bapak Menteri.
- Bapak Menteri uga ngendika marang para tamu kang padha rawuh ing Madiun, kajaba kagunan reyog ana maneh kagunan apa kang bisa dipamerake marang tamu manca negara.
- Para tamu uga nyaosi katrangan marang Bapak Menteri manawa ing Jawa Wetan iki akeh kagunan kang nengsemake kaya ta : ludrug, gandrung Banyuwangi, tayub, kethoprak, lan liya-liyane.
- Sawise pahargyan rampung tamu-tamu padha kondur menyang ndaleme dhewe-dhewe kanthi ora lali ngaturake salam marang Bapak Menteri lan pandhereke.
VI. KASUSASTRAN
TEMBANG MACAPAT
- A. Tembang Macapat iki, tamatna, wacanen alon-alon, banjur tembangna !
- SINOM
- Nuladha laku utama,
- tumraping wong tanah Jawi,
- Wong agung ing Ngeksiganda,
- Panembahan Senapati,
- kepati amarsudi,
- sudane hawa lan nepsu,
- pinesu tapa brata,
- tanapi ing siyang ratri,
- amamangun karyenak tyasing sasama.
73